URUN REMBUG ACARA REUNI
2008 Juni 12
Temans…..
menurut info yg beredar….kita mo ngadain reuni angkatan 86 di wonogiri. tglnya kira2 lebaran hari ke 4 taon 2008 ini. Rapat pertama direncanakan tgl 15 juni 2008 di rumah Yuni ) HP 08122617841. Monggo dipersilahkan bagi yang akan datang pada rapat yg direncanakan dimulai jam 10.00 siang. Mungkin kita yang jauh dari wonogiri ada usul ttg acara yang akan kita adakan tsb.
So, urun rembug dari temans sekalian sangat di harapkan. Agar acara tsb dapat berjalan dengan baik sesuai dengan apa yang kita inginkan.
ok, ditunggu sumbang sarannya
Penjaga Blog

ayo gux,manon,wanti ( yg lg bingung), inti etc
saran2 buat acara reuni nanti. Yen agux ojo mung manut wae he he he
Nggilani Nuk, wajahmu kok mengerikan…..serem!
Ninuk tenan to, ki?
Aku mbayangke….
- Makanan enak (duh)
- Bebas bergerak untuk menyapa temen2.
Alias, gak duduk terus.
- Tukang photo sing akeh, spy semua ketangkep
- Acara rileks….
- Sewa tukang nyanyi.
Kl kita lg ngider ngobrol, panggung isi
- Rekening siapa untuk pos dana?
Reuni yen iso digawe ben lebih makna. Misal :
1. gawe kegiatan amal opo wae terserah.
2. Gawe organisasi, kumpul iuran rutin, danane iso dikembangne. misal koperasi apa terserah.
3. Acara ngen kangenan, ning aja kebablasen. Nek sing arep bablas yo terserah.
Iku saranku.
ora nggilani mbak inti…cuma nggegirisi…
sorry nuk….
untuk reuni aku setuju usul manon ‘en untuk mahesa (agus pujianto)….aku juga setuju… but itu tindak lanjut setelah reuni… iya nggak….?
setuju non, sing penting rilek wae rasah formil bgt
Iki Dewi Padma to?
Untuk Dewi Padma : smsku kok gak dibales?
Apa no HPmu ganti?
Siapa tau no HP Ananto? Aku arep pesen tas? (Katanya dia juragan tas)
Acara reuni nanti enaknya bawa anak bojo opo ora yo??? Gimana sie acara???
iyaa… mbak inti , sori ya… motor merah masih ada ga.
reuni neng smp 1 waaaooow akeh kenangan…. eling jaman biyen nek pas istirahat awan2 ngelak golek es kolak pojok lap korjo, nek luwe mangan neng ngoone mbok ragil, sego jangan tolo laue peyek njupuk telu nek bayar ngomong jupuk siji, gabutane loro malah gak bayar blas, sepurane mbok ragil yo, tapi kancane uakeh ana dono, jeki, maheso, beruk, aguk, agung( alm ), herman simboth, pokoe uakeh!!! tapi peyek-e saiki ndadeke wong2 padha mukti ( mukti iku uapa ), aku usul nek reuni iki mbok ragil dikei award ” PEYEK EMAS ” Bravo mbok ragil
Thut, aku ora melu2 aja macem2 kw. Aku jujur Thut (nek konangan)
hi,.2x. Aku setuju peyek mas, ning khusus in the gang wae. Kudune kw ora sah omong2. Uisin aku. Mulo goro2 peyek aku ora lemu2.
sing penting temu kangen wae ga sah muluk2 … iso kumpul 75 persen dah hebat … salut buat maheso … ngumpulke balung pisah jarene aguk , waktu reuni kecil di surabaya …
Jek, balungmu selama iki lha apa ilang, kok ndadak dikumpulne… Hi..hi. Nek anu mumupek ae yo?
Jek, untumu masih cuil?
dos piye kabare? saiki nang ngendi
Wi..kok ratau dolan ngopo je ?
mbak Inti, 10Za, manon, mbak yuni…pripun kabare? kangeeeeeeeeennnn
One’s, aku mau bar telp piyayi Pekalongan lho, entuk salam lho
So…kowe saiki khan wis lemu…dadi balungmu wis ro ketok maneh…
Gox, lemu apane,.. Tetep ae. Wah tambah rame iki. Selamat datang buat yg br nongol, Ari, Tunjung dll.
Masih setia di wonogiri jadi penjaga hati! Piye khabare ri?
Doso si penjaga hati….ha..ha..ha.. tenan ne… Kowe mlangkah pager thithik wae wis ra ono sing nglirik so……dadi yo gur sak uthek an wae..olehe ngenteni wae sih soko SD…. Lha mbok koyo Maeso kae iso oleh wong Kupang… untung ra soyo ngetan…tekan Papua…he he..soale patah hati karo wong etan kretek Pokoh….
Mas Maeso, doso wingi crito yen bobote > 85kg… wis makmur…yen ora makmur yo dhasare ndableg…bos
Gak pa-pa bobot 85 kg, ya So. Tandane pinter golek dhuit. Wong aku juga pernah sampe 75 kg, dulu.
Nek bobotku ora mundak mergo jaim, hi..hi. Gox etan kali (Pokoh) sopo? Aku lali gox, swear. Wong Kupang tp ora brindil gox. Malah turunane indo (indonesia). La piye wis di obral ora payu2.. Dadi aku tmsk langka..neng Kupang. Saiki kan wis neng Bali… Ora suwe pindah solo… Soyo cedak khan? ..
iyo so…sing wong solo meh pindah ngulon …he..he neng jakarta…dadi adoh meneh…
Etan kretek Pokoh…putrine pak Bandi…mosok koe lali…jare mbiyen pacarmu so…kowe ki yen crito sing nggenah…ojo2 kowe thok sing nganggep pacar…trus …
Tenan guk, hidup
Diwonogiri iku nikmatnya serasa di nirwana! Tiap malam temannya cuma suara jangkrik karo kodok! Pokok’e ngangeni!
Walah kuwi to..jebule. Wis mudeng aku. Sing neng solo ki sopo meneh? La arep pindah ngulon Yo ben,.. Golek meneh nyang semarang no..hi..hi,. So, Dosa..kw seneng men neng Wng. Soyo suwe katrok lo koyo Agox.
njung…priyayi pekalongane saiki sombong kok…
piye njung…dateng reuni lho…kata yuni kamu kebagian nyanyi 10 lagu…
disiapke lagu naff yo…
“akhirnya kumenemukanmu” karo…”jauh dilubuk hatiku…” tenan lho njung…
One’s
kok sombong piye to..? mo bengi malah kirim mss kok, update foto terbaru….tambah Sangar Man !!
Sik sik…lagu Naff gampang diatur, sing penting latihan lagu Mars SMP (soale wis lali blas) Nek seumpama di deklamasi wae piye ???
Katur mas2 penjaga & pemerhati Blog : Kiduk, RM Maeso, Doso, agoek, Puthut, kiduk…Sugeng sonten sedoyo
Wah, Wanti kok pesene lagu kok mencurigakan. Habis foto jejer Kokok kok terus gitu. Ojo gelem Njung, mesake bojone Wanti. Hehehe…ojo nesu lho Wan. Pesenku : panitia ojo sering rapat nanti malah berkelanjutan
.Njung, aku eling kita rame2 ke Praci. Kbre Titik piye yo?
bu Inti…tenang wae, bojoku ki selingkuhane bojone Wanti (kekekek)
inget lah bu In, jaman ndisik praci rung ono Listrik (hiks isin aku)
Iyo ki, Titik Maridi, Eny kulon lapangan…(duh, dadi kelingan Rini Sumirat)
Bu Inti tau smsm po telp2 ra ?
ha ha h ha maeso ki ternyata ngerti katrok juga to. mesake maeso meh reuni suk oktober, mangkate bulan agustus he he he
so kwe oleh salam seko….MBOK RAGIL…kowe isih utang peyek 2 bakwan 2
ndang dibayar so…meh nggo kulakan maneh
titik maridi jadi bidan di wates. hp nya 081804087771, 0274775243
duk, aku nggethek ae ben rodo cepetan sithik. Kw kr agok ternyata pd gendenge..
Tunjung ki ya lucu ya, masak bojone wanti selingkuh karo bojone tunjung..Njung kowe lucu apa ketularan Maesa n Ninuk..apa kabarmu skrng Njung..bu Inti..One’s..dan yang lainnya…
ha ha ha ha maeso nesu, mosok seko denpasar nang wonogiri numpak gethek he he. mesti mengko midune waduk gajah mungkur yo so. mengko tak siapke acara penyambutanmu.
za…10za….
aku meh buat sertifikat tp tanahnya blum punya, kira2 bisa ga?
eh za, pahala skr dimana ya…
Za,
nek tanggal tuwo aku cen ngene iki..
Nuk, titip salam nggo dik Ponco yo???
btw, Ponco isih kriting ra ? sopo ngerti saiki malih
Za, aku saiki alim lo (nek neng ngomah). Yo mesti nek ketularan sing apik,.. Ciduk..ojo lali nek njemput aku kostume kudu katok – klambi cekak biru putih, spt warior, klambi bk sak kancing trus dilinting. Rambut ngiringan semir putih, nek raduwe semir nganggo tipex. Ojo lali dijegrakne. Trus nggowo tenda, gitar kr tape. Acarane break dance yo. Trus kw nyanyi..
So..maeso…kowe kok rung insap to??
sik sik…suk reunian ki dress code-e opo ?
usul yo, mbok panitia ngenek-ke pemilihan kostum ter-katrok ?? nggo rame2…
Piye pemilihane Njung? Lha wong pas reuni sm panitia srh pake kaos seragam??? Tiwas aku wis tuku klambi anyar. Hahaha…
Tenza…mnrt gosip kowe wis putih yo…? Aku iso2 pangling mengko Za…
walah iyo yo, lali bu Inti…
mngko le meh mlebu aula nganggo baris ra? Rini Adhi kon ngabani : kiri masuk, tengah kanan, ijih kelingan ra bu?
sepiii-sepiiiiiii.. gek dho sare po yo?
Tak pikir-pikir ketoke sing ngeblog wonge lagi sutris kali ya..apa masa kecil kurang bahagia..he..he..bali dadi bocah kabeh ra kelingan yen wis tuwa..tak jamin sing buka blog mesti nulis karo ngguyu dhewe..ya ra Njung..
jawab : a. Pasti benar
b. Tentu Benar
Njung..aku sak konco sing plg insap dhewe lo..(nek lg turu). Timbang si Bajul kr si Brindil Brekele kae..adoh no. Nganti pd rontok rambute, merga opo coba (embuh). Aku mlh bingung kr 10sa mosok wis gaul 20 thn lg sadar nek duwe konco gendeng2 hi..100x. .
za, nek pemikiranku jane ora mslh do sutris. Mergane dek jaman smp pd drg payu dadi pd jaim kabeh, maksude nek jaim kan ono sing ngesir opo ben dilem sir2ane. Saiki pd blak2an mergo wis pd payu kbh (kecuali sing durung).
Yo kelingan Njung… Lha wong tuku ampas kambil dinggo ngepel kelas wae aku sik eling kok. Hehehe…kok gelem yo sore2 balik nyang sklhn mung arep ngepel…
Pancen Za, iki blog-e wong rodo gendheng. Coba deloken sing alim2 yo ra gelem komentar. Lha wong bojoku wae mbukak blog iki ngguyu kepingkel2. Jarene : wong edan kabeh. (termsk bojone!)
iyo, opo meneh kelas 1B, parah….nggone njepit ng pojok’an. terpaksa kudu indent ampas kambil ng nggone mbok Man ben kelase juara kebersihan….trus bar dipel digosok MA..kelingan ra bu ?
trus yen dino senin diumumke kelas sing entuk juara kebersihan.sing kebagian nilai kae pak sopo yo njung aku lali (rmhe deket titik) he he he……
kagem mb inti apa kbr?sajake wis waras ki…
aku inget mb inti yen mangkat sekolah naik sepeda minine sing ono kranjange he he he….
alhamdulillah wis sehat… waduh, semua jd tau kalo aku sakit. Gara2 si Ninuk sing nulis aku sakit.
Warni yang kalem n lemah lembut itu ya? Rasane aku pernah ke rumahnya?
Iya Ry, aku naik sepeda mini. Kelas 1 kita kan sekelas ya? Di 1 D sama Wanti, Ina, Emy, sopo meneh yo?
sopo sing rumongso kelas 1D ngacuuung!!!!!
nek aku trimo kelas paling ngenes : 1B…
ketua kelas Rini Adhie
ning wali kelase aku lali, dho mbukak memory yooooooooo
Halo konco konco wanito……….Inti ( kacamata-an ) ireng pinter nek wis awan rada kumut2 nek ngantuk tambah ……., tunjung (cilik nek senen ra adus mulih praci gak ana banyu), Tenza ( black sweet ) pinter tenan iki tapi rada galak iki huahahaha , Ary S ( manis, iki yo pinter mbiyen nek setu awan aku dolan hahahaha tapi wedi ambek bapake kumisen sepurane nggih Pak), Manon ( padha agoek kesane hahahah gak janjian iki tapi memorine padha),Wanti rambute pendek iki sing gak gelem ambek boloku ( nganti dunia brubah……………. )
Sori wiiik ketinggalan mbiyen cilik rambute sakbahu tapi aku ketemu ngombe es dawet prambanan hiii tambah gedhe
Tut, ora mung senin le ra tau adus, ng kost aku yo males nimbo, maklum wis awake cilik mosok bendino kon fitness…
Kanggo Mb Ragil Fan’s Club sing isih golek dalan padhang … ndang do dilunasi : peyek’e, bakwan’e, tempene, krupuk’e, …. mumpung Mb Ragil isih sugeng …. umpama nganti kapundhut ojo pada takon dosa ….pada ilang penakmu yo cah …. ! ( iki melu edan malahan … )
Yen ora isa mbayar dhewe iso ditransfer lewat rek bendahara reuni …. Cepat sebelum terlambat ! Nganti saiki opo ora ana sing diimpeni Mb Ragil to ?
minggon-minggon……..
bu Yuni n the gank, mngko sore tak ampiri nonton pilem ng giri jaya yo? po neng kidule Mbok Man (opo jenenge???, lali meneh!!)
Siang Bu Jarot …. aku lagi bali bar nyoblos Cal Gub ku ( yen dadi lho ! ) Piye arep ngampiri nonton ? Ning Wonogiri teater .. Giri Jaya teater … opo Kartini teater ? Nganggo kartu bebas apa mbayar dewe ? Iso nganggo seragam ora mbayar ning… film’e ngeriii … Penumpasan G30 S …. !Bar nonton trus jajane ning etan ndalan … es campur & gado2 ne RM Ayem ….enak tenan ! Sing penting ojo nang nggone Mb Ragil … isin aku durung mbayar je ! he he he ….
Wah…mb Yuni wis ketularan ngedan! Pokoke dijamin : bg yg buka blog ini bakal ketularan…
Ketoke Cagub pilihane menang yo mbak?
Mbak Inti cayank …. tolong buka email SMP 1 ya …. soale aku barusan kirim foto2 kenangan waktu perpisahan kelas 3A di rumahku th 86, tolong diposting ke Blog kita ya…. Trims banyak…..
hai teman2……
hari ini mbak “YUNI” ULANG TAHUN YANG KE-38 LHO…
ayo kabeh nyanyi….aja lali ndonga’ake…
ben sehat, murah rejeki…tambah disayang suami…
buat mbak yuni…met ultah ya mbak…
maksude…aku menemukan teman2ku smp mbak inti…
tenyata bener…menyenangkan…BUT….
bojoku cembukur….piye….
bojoku ben selingkuh karo bojone tunjung sik wae yho….
piye njung…oleh apa ora…
mahesa…etan kali ki yulia…
yen saiki…etan kali ki aku…(hehehe…)
maksude…omahku saiki etan kali…
buat ary kedungringin sing ulang tahune padha karo mamin tanggal 22 desember…”panjenengan kesupen kalih kulo tho mbak ary….” kan kelas 3 sama… kita 3e…
siap, oleh banget one’s
sing penting ra macem2, paling nek seingkuh ming dho mbedhil ng njatipurno
Mbak Yuni, selamat Ulang tahun yoo….
wah, piye meh ditraktir ng ndi ki? Ayem po rujak gandhes??
enggak lg wan aku kelingan bgt sama mb wanti sing sma(opo smp yo) masih sering disuapin ibunya he he….
bener kan wan..piye kbre? denger2 jd bu dosen yo…
Putut pintere bikin pujian! Yang ‘itu’ kok gak dipuji tut?
Mbak yuni met ultah yo, makan2nya dibarengke sama rapat yo
met ultah ya..mbak yuni, panjang umur sehat selalu…. kuenya aq tunggu. Njung aq suwe ra dolan nggonmu yo. In wis mlebu rung.
rene wae Wi…mengko tak traktir sego kucing ngarep pasar….
so maeso… kae fotomu sing mbok kirim nang hp ne agux bener kowe??? tp aku curiga lho so, paling2 kae foto tonggomu opo sopo….
Waduh … jadi terharu aku, temen2 kok tahu kalo hari ini ultahku … jebule wis tuwa yo !
Meh nembus kepala empat. Pokok’e makacih buat semuanya yang udah kirim selamat…. Usulane Doso akan dipertimbangkan … he he he …..
usule doso ojo dipertimbangke bu yuni…doso yen di turuti ben dino mangan tok…mulane awake ndadi…
salam buat agux yo bu yuni, dewekke lg nang wonogiri kae…wingi bar ketemu nang solo…
PENGUMUMAN PENTING !!!!
Tadi siang krg lbh jam 13.00, aku dibel Giri Indah kalo Tgl. 4 Oktober 2008 ( bareng acara reuni ) dia mau married dgn kakak kelasnya waktu kuliah, asalnya dari Blora. Rencana acaranya siang hari jam 12.00, bertempat di rumah Kaloran.
Ikut seneng….. berarti sing isih jomblo suda 1 … he he he ….
bu yuni…
sabtu kemarin di solo kita pada ngumpul..aku, agux, ananto gali, yomi, agustinus kenthus, bambang kowol, rini adhie, dianik, jeqi…
format acara untuk reuni emang blum pasti ya??
usul saya, biarlah panitia menampung semua aspirasi teman-teman semua. di olah, dirumuskan mana yang terbaik lalu di putuskan tus tus tus…jd kerja panitia jd lebih fokus.
pasti teman2 di luar wonogiri mengerti dan paham. he he he ngandan-ngandani koyo wong tuwo wae yo…
Yo Duk, kuwi fotone artis tonggoku…. He..he.
Yuni… selamat ulang tahun…
iya njung…besok suamiku dibawa ya…biar mbedil dulu…tapi sekarang mbedilnya biawak njung…
buat mbak ari…seratus…betul itu…
aku dulu dapat ide tandatangan dari nirun tandatangane njenengan lho…he…he…
(nggak kreatif yo..)
wan wis ketemu agux yo…piye milih aku opo agux???
urung ketemu aku dhuk…wanti neng ngomah wae soale gak oleh metu…dirante..nganggo rante kapal…oleh e metu yen mulang thok..dadi nasibmu yo ngepasi…
ma’af goex…
aku nggak bisa menemuimu…
tapi…
aku selalu mengingatmu…
(hi..hi..sok romantis ya..(guyon lho)
Bu dosen besoj pagi lokasi mbok pindah, jangan di bawah pohon talok!
lha piye…itu tempat paling strategis…tur yo puenak tenan lho…
doso…mbok mampir kalau lewat rumahku…
jangan hanya “mengintai” saja…
wan doso omahe Jatisrono…bojone iku ponakane Pak Kardi guru matematika…olehe ngenteni soko SD…. he..he..makane yen dheweke kerjo neng wng mesti liwat omahmu….iyo ra so….
Yun, GIRI INDAH iku sing endi yo..opo sing duwe Bis Giri Indah…he..he..sorry lali soale
Ojo percoyo aguk wan, wong aku jalo pagi sering beli pindang di pokoh thek
Doso,…. wanti luwih percoyo mbek aku…he..he..
so..photomu sing ngguanteng wis muncul neng blog… 1-0